Podcast Arek Cangkrukan, membahas sing isok di bahas arek cangkrukan ben nek nyangkruk nok sing dibahas. Kadang serieus, kadang gak?! BONUS LUCU!!!RESIKO KOPENG PEDES!!!
Nek di vaksin roso e yoopo yo?oleh susu kotak gak yo mari di vaksin?
Soko menteri anyar sampe kompetisi SUCI..Tombo kangen
Iki positif sing ngguwateli. "mending tukaran, timbang mbelani sungkan", jare Firza
Tibakno nek ngomong biasa pas nyangkruk gak fales suoro ne.
Ngelakoni pekoro mesum kudu nggae kebijaksanaan yang dipimpin oleh hikmat....... Ngono lah yo..
Gae wong Suroboyo bal-bal an iku wes mendarah daging. Hemoglobin sampe ireng poteh koyok werno e bal.
Onok coro e rek demo sing ayem, gak usah ngoyo-ngoyo..
Wooooooo.. lambe.. Jok di kiro podcast iki gak isok mevvah!!
Sukses gak sukses e iku wong bedo-bedo. Makane pole angel nek ngmng no masalah kesuksesan mbek wong liyo, kadang kene sampek bengok-bengok, dek e memeng ae, gak onok jawaban sing klop, la sing mbok ajak ngmng PATUNG jaya jalasepajayamahe (yoopo se tulisan e sing bener?!)
Masker kudu SNI, masker skuba gak oleh tapi masker kecantikan kok sik di oleh no? kan iku gak isok mencegah covid?
OSPEK kok model ngono? Ayo lah kok mogok ndek masa jahilah teros,rek?! Mesti arek-arek sing ngospek model entut iki ndek gumbulan di adohi konco.
Asem temen,jeh.. Tambah suwe ae iki copid!! hash emboh lah!! copid taek!!!
Pengen e ngono mbahas pekoro wadon, tapi ancen roso e gak pas nek gak onok wadon e.. Yoopo menurutmu???
"Ikatan Suami Takut Istri", dadi istilah sing ngganggu nemen. Dadi lanang kok wedi mbek wedok?
Sik ndek suasana Agustusan,rek. Cinta mu mek sebatas mangan krupuk?balapan karong?mbek lomba kelerang ta?
Preaten karo sing terjadi neng Jrx dan Anji. Mugo-mugo gak perlu maneh onok uwong sing kenek, nggae dan manfaatno peraturan-peraturan kadut.
Ealah onok-onok ae berita-berita ndek internet iki, reno-reno "pesakitan" lengkap onok kabeh. Rek, sepurane audio ne remek get, mego kene sing produksi via online. Dungakno yo rek ben @kokoramadi @firza_falaza @nopeknovian isok ndang produksi ketemu fisik. Kene nduwe rencana nambah-nambahi fitur ndek podcast e kene. Dungakno lancar yo,rek..suwun pangerten e..
Gak ngurangi rasa hormat wong2 sing ndisik i kene yo..iki ancen prilaku e wing urip ae KADANG rodo slendro!!
Nek pengen video tik tok mu mbois, coba en ndek Suromadi,rek!! (Resiko tanggungen dewe,su?!)
Sik onok ae klakukan bejat koyok ngono? Kudu diapakno wong model ngono?
Grisi en gak kon nek di cocoti wong seng gak mbok kenal? yo kene yo podo brarti, podo-podo nduwe kopeng sing kon nduwe sisan..
Teklek opo blekek opo kethek sing nyemplung kalen? Inti e nek kenek apes peng loro iku gak masok blas!
Apa daya hati ini jenuh dengan berita covid, mentolo nguntal sendal
Aduh,reeeeekkk..!!Onok-onok ae, kok isok iku o Suroboyo status e dadi ireng,rek!?Ayo, ijo no status Suroboyo,rek!!ben podo karo werno kesayangan e kene (red:werno Persebaya)
Sedih ancen nek onok konco sing kesusahan. Gurung maneh nek di kucilkan soko lingkungan. Opo koyok ngene ta ancen sing di anggep normal saiki?opo mek goro2 cm keweden?opo mego gak ero? mugo2 ae lah ndang bar.
Produksi tanggal 5 mei 2020. PAs Nyangkruk ndungo ben kondisi taek iki ndang bubar, ndang isok kumpul keluarga maneh, ndang isok nerimo tami nggae coro sing di ajari Mbah-Mbah e kene ndisik, ben bocah bocah-bocah isok playon-playon nguber layangan maneh dan ben ndang isok ketemu kon-kon kabeh.
Produksi pas 5 Mei 2020, pas rame2 ne mbahas konspirasi masalah cov*d.. @kokoramadi @firza_valaza @nopeknovian macak koyok ero ae mbek pembahasan konspirasi. Sing onok mala @ubed_beud melok amol. Ojok baper yo ngerungokno iki, mego akeh omongan-omongan sarkas soko kene sing bodo dan kemerok. Dinikmati ae.?!
5 dino awal PSBB Suroboyo, akeh seng geje, tapi yoopo maneh jeneng e ae tirakat,jeh. Masio akeh seng gak jelas, luweh apik nek gak di trabas. Sing sabar...
Pas kondisi koyok ngene sik onok sing kudu tetep golek duwek ndek njobo omah. Yo mego gak cukup duit e nek misal mek glundang-glundung ndek omah tok. Mbuh iku mego ancen murni golek duwek, golek mangan, tanggung jawab profesi sampe ga enak di delok tonggo nek ndek omah teros.
Produksi ndek 4 april 2020 sak Gurung e onok PSBB, kene nyobak mrediksi kiro2 opo seng terjadi ndek poso an taon iki..
Yo mosok rek kondisi koyok ngene gak Oleh belonjo luweh akeh stick?
Bar gene Suroboyo banal kelangan uwong sing paling isok di andalno sak Suroboyo, guduk di tinggal mati se.. cuma kene pasti susah banget move on soko ibuk2 siji iki..
@pasnyangkruk. Roto - roto munggah mudun iku mbarai semriwing. Podo karo BPJS sing munggah mudun iki, mbarai smriwing, tapi kok smriwing e ngene yo?
Episode kali iki mbahas kasus pembunuhan balita 5 taon seng dilakukno karo remaja umur 15 taon. Miris ancen pas krungu berita iki, cuma opo seng isok kene jupuk solo berata iki yo penting sisan.
@kokoramadi @nopeknovia @firza_valaza ndabrus ngomong no PERSEBAYA, Bonek khusus e, sing ijo ne ijo banget koyo Ijone goj*k mbek gra*b.
Ngomong no promo lagu anyar e Mas Judika dek acara tipi. Sing nggarai Ning BCL nanges.
@kokoramadi @firza_valaza @nopeknovian negator masala e-tilang sing menurut kene.... kene gak eroh se.. jeneng e ae nyangkruk, mosok ga oleh nggedabrus???
Episode iki kene pengen kenalan karo kon-kon arek cangkrukan. Onok @kokoramadi @firza_valaza @nopeknovian sing nggacor seprena-seprene ngalor ngidul sampe nyangsang mbahas cor*na. Mugo-mugo kon kabeh seneng mbek cingur-cingur e kene. Wasalam.