Javanese radio program Adventist World Radio

“Kita iku titahane Gusti Allah, Panjenengane wis nyawisake papan tumrap pikiran, Pedaleman Suci kanggo sang Roh Suci” “ Saben panyuwunan ingkang kaunjukake dumateng Gusti Allah jroning pitados lan kanthi manah tulus badhe kaparingan wangsulan”

“Anak-anak lan wong enom kudu ngembangke pakulinan-pakulinan kanggo dadi sampurna sakjerone bab piwulangan” “Wong Kristen bakal dadi "bangsa suci, umat pinilih" ing jagad iki kanthi nuduhake pamuji marang Panjenengane sing wis nimbali dheweke”

“Wong tuwa kudu nuntut anak-anake ngormati lan nuruti wewenang sing bener” ”Jiwa sing manunggal karo Kristus bakal nglawan kabeh panerak lan kabeh wujud dosa”

“Kabeh Anak-anak Kudu Entuk wewengan-wewengan ing Piwulangan” ” Ora ana sing luwih mbebayani tinimbang pamblithuking dosa”

“Asrama iku dilakokake kanthi rancangan sing ndadekake iku dadi bale wisma sing becik” “Gusti Allah wis maringi angger-angger suci marang manungsa minangka ukuran karakter”

“Pawiatan-pawiatan Dhuwur Kita Ditetepke dening Allah” ” Pungkasaning samubarang wis cedhak Saiki manungsa kudu nganggo gegaman lan piranti kanggo perang kanggo Gusti Allah”

“Kalirwane wong tuwa kanggo mulang anak-anake ndadekake pakaryan guru tikel pindho luwih angel” “Ora ana sing bakal nyiapake kowe menyang swarga kajaba kasucen”

“Aja Pisan-pisan Ngritik Guru ing Ngarepe Anak-anak” ”Kita kudu jumaga lan makarya lan ndedonga kaya-kaya iki dina pungkasan sing diparigake marang kita”

“Ing antarane wong enom bakal ditemoni anane prabedan sing gedhe ing sakjerone tabiat lan piwulangan” ”ing tengah-tengah prahara saka pangadilan ilahi, putra-putrane Gusti Allah ora bakal wedi”

“Prinsip-prinsip Sabda Allah kudu digawa nyang sakjerone urip sakjerone bale wisma lan sekolah” “Wong-wong sing nandhang sangsara marga saka kayekten ngerti ajine Injil sing murni”

“Guru sing waspada bakal entuk akeh wewengan kanggo ngarahake siswa-siswane marang pakaryan sing migunani” “Minangka bagéan saka leladi keagamaan ngidung minangka tumindak ibadah sing apik kaya pandonga”

“Para guru ing bale wisma lan para guru ing sekolah kudu duweni pangerten sing kebak simpatik marang pakaryan sing siji karo sing liyane” “Wong-wong sing percaya banget marang Sang Juru Wilujeng bakal nemokake gapura swarga”

“Becik wong tuwa lan guru, awit pamulang lan tuladha, kudu nandurke prinsip-prinsip kabeneran lan kejujuran” – “wong enom sing makarya bareng karo Kristus bakal nemokake manawa lakune kebak kesalahan sing kudu dibenerake

“Gusti ngersaake supaya usaha sing temen-temen dienekake sakjerone piwulangan anak-anak kita” “Kita ora bisa mratobat saka dosa-dosa kita nganti kita diyakinake manawa kita salah”

“Dhisiplin sekolah kudu njangkepi piwulangan bale wisma” “Gusti Allah ora maringi pepadhang supaya didhelikake”

“Alkitab kudu didadekake dhasar saka piwulangan” ”Gusti Allah ora bakal bisa mberkahi kita, sepira wae usaha kita, yen kita ora nggunakake berkah-berkah-e kanggo kamulyane”

“kabeh anak-anak kita kudu duweni kesempatan kanggo entuk sawijining piwulangan Kristen” ” Saben wayah sadurunge masa percobaan ditutup iku aji banget, amarga iku wektune kanggo mbangun karakter”

“Pilihan Sekolah sing Mapanke Allah Pinongko Dhasare” “Ana pakaryan gedhe sing kudu ditindakake yen kita pengin nampa urip langgeng”

“Ibu kudu ngati-ati kepiye dheweke mercayaake pembentukan pikiran bayi iku marang tangane wong liya” “Panyucèn iku sawijining pakaryan sing progresif”

“Saben tindakan sakjerone urip, senadyan kaya ngapa remehe duweni pengaruh sakjerone mbentuk tabiat” “Katresnan bakal katon saka tembung, saka ekspresi pasuryan”

“tabiat sing dibentuk cocok karo peta ilahi iya iku siji-sijine bandha sing bisa kita gawa saka donya iki menyang donya sakbanjure” “Karakter ora dipikolehi lumantar nampa Pendidikan”

“Pendhidhikan sing sejati Asipat Praktis lan sing Asipat Mulang” “Ing saben tumindak, wong Kristen kudu ngupaya kanggo makili Gustine”

“Tujuan dhisiplin iya iku mulang anak supaya mrintah diri” “menawa kita ngutamakake Gusti, kita bakal duweni kesegaran terus-terusan ing urip karohanen”

“Wong tuwa , utamane banget kaum ibu, kudu dadi siji-sijine guru saka pikiran sing isih bayi” “Kita kudu akeh ndedonga yen pengin nggawe kemajuan ing urip Ilahi”

“Piwulangan sing paling wigati iya iku mulangke marang anak ngenani welas asih lan wediasih marang Allah” "Pandonga iku ambeganing jiwa, saluran saka kabeh berkah”

“Golongan Pendhidhikan sing paling dhuwur yaiku sing bakal menehi kawruh lan disiplin” ”Kita dislametake kanthi munggah langkah demi langkah, mandeng marang Kristus, gumantung marang Kristus,”

“Aja ana printah-printah sing diucapke kanthi suwara sing seru” “Saiki wektune kanggo njaga kekuwatan”

“Kekarepan kudu dituntun lan dibentuk, nanging aja dilirwaake utawa dirusakake” “Nalika nglumpukake bandha ing swarga, kita mapanake ing sesrawungan sing urip karo Gusti Allah”

“Saben Anak Kudu mangreti Kuwasa Kekarepan” “Ing Kitab Suci, kersané Gusti Allah dicethakaké”

“Saben anak sing ora didhisiplin kanthi saksama lan kebak panyuwunan donga ora bakal bagya” ” Urip rohani dibangun saka panganan sing diwenehake marang pikiran kita”

“Piwulangan sing agung sing paling utama sakjerone kabeh Pendhidhikan iya iku kanggo mangerteni kersane Allah” ”Gusti Allah bakal madhangi kawruh sing dipikolehi lumantar sregep nggoleki Kitab Suci”

“Kabeh pihak bakal dadi luwih bagya menawa pinisah lan ngenekake tilikan kala-kala” ”Tampanana Kitab Suci minangka penasehat, pepakon urip saben dina”

“Kulawarga sing Seneng Manjaake yaiku Sawijining Masalah” “Gusti Allah nuntun umaté, langkah mboko Langkah”

“Akeh wong tuwa sing ora menehi marang anak-anake pemanjaan sing becik lan ora salah” ” Ora ana wong liya kajaba Sang Kristus sing maringi tuladha”

“Bebaya sing gedhe dumadi awit kurange kategesan lan pepesthen” ”Saiki wayahe kanggo jumaga lan ndedonga”

“Ora sabare wong tuwa nuwuhake rasa ora sabar ing bocah” “Ana pakaryan misionaris sing kudu ditindakake, lan kita krungu panjaluk kasebut”

“Kekarepane wong tuwa kudu ana ing sakngisore dhisiplin Sang Kristus” ”Saben kita duwe pakaryan kanggo nyawisake prastawa-prastawa gedhe sing kabeber ing ngarep kita”

“Menawa wong tuwa nuduhake roh sing kasar, kejem lan asikap kaya bendara, mula roh kraman lan mbangkang dituwuhake ing awake anak-anak” “Gusti Allah tansah paring piweling marang manungsa bab pangadilan sing bakal teka”

“Piala sing ana ing donya sakiki asale saka kalirwane wong tuwa kanggo ndhisiplin awake dhewe lan anak-anake” ”Kanthi cepet, wong-wong padha milih ing papan endi kang dadi pilihane”

“Piwulangan sing Salah Mengaruhi Kabeh Urip Agama” ”karawuhan Sang Kristus bakal ngagetake para guru palsu” ”

“Kesalahan-kesalahan saka wektu kanak-kanak sing ora diwulang lan ora didhisiplin bakal dadi warisan ing wektu wis dadi dewasa” “Ana kasenengan emosional, sawijining campuran sing bener lan salah, sing ditampa kanthi apik tumuju panasaran”

“Manjaake anak nalika isih cilik lan nalika nindakake kesalahan iku dosa” ”Gréja kaya-kaya arep ambruk, nanging ora bisa tumiba”

“Golekana Pitulungan Ilahi kanggo ngalahake Sipat Gampang Nesu” ”Sinaonana kitab Wahyu sing ana sesambungane karo Daniel, amarga sejarah bakal mbaleni”

“Bocah Enom sing Salah sing Merlokake Simpati” ”Kanggo pamratobate siji jiwa kita kudu ngurbanake kanthi larang banget sumber daya kita”

“Wewenang kudu disengkuyung dening kategesan” ”Para pandherekipun bakal manut marang panguwasa kang luwih dhuwur tinimbang panguwasa donya iki”

”Wewenang wong tuwa kudune mutlak, nanging kuwasa iki aja disalahgunaake” ”Wektune bakal teka nalika bakal ana akeh wong sing mratobat ing siji dina kaya ing dina Pentakosta”

”Aja sepisan-pisan ngucapke tetembungan sing kasar lan kebak kanepson” ” Saben wong Kristen kudu sinau kanggo nahan kepinginan lan dikendaleni dening prinsip” –